Sebenere iki tulisan sing paling tak umpet’nang, bli tak buka – buka sing awit tahun 1992. Dadi umure tulisan iki wis luwih siji dekade, lamun dokumen rahasia CIA sih wis oli dibuka kanggo publik. Dadi berhubung wis oli dibuka kanggo public, makane isun wani nulis cerita kien.

 

kantor42Dudu cerita sulap, apa maning cerita Baridin, iki cerita biasa – biasa bae, cerita titipane batur akrab kita sing sampe kien masih ng’golati bature sing bengiyen. Boleh dikatakan (basa cerbone apa yah? Hehehe…) cerita iki rada – rada romantis, walo cuma model romantis kampung.

 

Wis, aja suwe – suwe, mengko dadi tambah ruwed bae…Mengkenen ceritane :

Waktu iku tahun 1992, bocah – bocah kelas 3 SMP Negeri 1 Plumbon wis pada pembagian NEM lan rapot, termasuk isun karo batur isun. Nah, ternyata (iki yo, mbuh basa cerbone apa yah?) batur isun sing aran Boled (aran samaran), selama sekolah ning SMP iki, wis duwe demenan karo sing aran Sri (aran samaran). Wis pokoke demenan temenan lah, bli bobadan.

Walo pun cuma demenan sing jare bahasa Indonesia  aran’ne Cinta Monyet.

 

Ya, bocah loro iku memang bli pada terus terang sih, umpet – umpetan bae kaya bulus ketemu wedus. Cuma ngomong kanggo surat lan bahasa mata…(priben bahasa mata iku, yah?). Isun sing dadi batur akrabe bae bli weru, lan bli ngerti…tak kira cuma baturan biasa bae….

Tapi sing ‘lubuk ati’ paling jerooo pisan, wong loro iki wis ngiket janji seurip semati, jare tarling cerbonan sih…sepayung loro-an.

 

Nah, berhubung wis pragat sekolah ning SMP, ‘pisah’lah kebersamaan mereka. (Bli apa – apa yah, nulise dicampur karo bahasa kota, sebab angel pisan luru persamaane..). Isun sing dadi batur akrab Boled, sekolah ning SMAN 2 Cirebon bareng karo si Boled…

Lah, si Sri sing keder…jare wong tua’e dikongkon nerus’nang sekolah ning SPK Cirebon (Sekolah Perawat Kesehatan, jaman saiki masih ana bli yah?) tapi hati kecil’e pengen sekolah bareng karo si Boled ning SMAN 2 Cirebon, ambir ambal dina bisa kesanding ning mata….

 

Si Sri, sampe cerita curhat ning Boled, priben iki? Melu omongan wong tua, atawa melu jare omongan atine? Yah..si Boled gan melu’an keder, priben yah? Akhire si Boled mencoba bersikap dewasa…(maaf bahasa kota maning hehehe)..diputusnang : wis sekolah ning SPK bae, bagen mengko bisa ketemuan seminggu sepisan…

Soale Boled gan mikir, si Sri sing mbiayai sekolah yah wong tua’e, dadi sing menentukan masa depan’ne ya wong tua’ne… lha, si Boled cuma ‘batur ati’ bae

 

Ketemu seminggu sepisan ?

Soale sekolah ning SPK kuh ketat (jare’e) sih, soale ana asrama’ne, dikarantina, dadi bli sembarangan uwong bisa manjing metu ning kono…murid sekolahane gan bli oli sembarangan metu manjing seenake dewek bae..kudu lapor dikit ning wong jaga piket, oli balik ning umah cuma seminggu sepisan…

 

Wis, singkat cerita ‘pegat’lah mereka…(mengko dikit, ‘mereka’ iku bahasa cerbone apa yah? Ambir aja maning – maning nulis ‘mereka’..) si Sri sekolah ning SPK, si Boled sekolah ning SMAN 2 Cirebon.

 

To Be Continued….tangane wis pegel kabeh…nulise dawa pisan

(Kanggo baturku Boled, lamun ente maca tulisan iki, aja sewot yah..? janji’e kan lamun wis sepuluh tahun oli di ungkapnang?…)