“…

Melayua ning laklakaning naga, Wong Ayu

Tak udag masa wurunga

…”

 

Sega Tumpeng Wa Bunawas

 

Isuk surup bli katon wujude, lelayu surem.

Mendung leliyungan, nutupi ambane langit. Pertanda jagat wis waya’e rendeng nutup surup waya ketiga. Ning langit jagat kaya peteng dedet, ilang pamore srengenge. Cuma kilat lan gluduk sing gawe pepadange langit.

 

Udan gerimis mulai ngerecek, alon – alon. Banyue sing tipis, nyiprat tempias digawa angin esuk sing ngreges. Kerasa atis pisan ning badan. Tapi luwih atis kerasa ning batine Baridin, kang lagi ndodok sanggowang kridong sarung, ning arep umah.

 

Sarung akeh tambalane sing dadi batur sejati awan lan bengi. Kanggo kemulane badan lan atine sing kerasa suwung lan sepi. Suwung mikiri nasibe badan kang ora pernah tinemu ning rasane bungah, sing awit mbrojol ning wetenge Mbok Wangsi. Sepi rasane ati ora pernah kesanding karo bocah wadon sing gelem dijak gemuyu, kaya nasibe bebaturan sing sejen.

 

“Duh, Gusti kang Maha Kuasa… iki lelakone apa, sing lagi tak tanggung ning badan lan ati kula…”

 

gubukDuh, Gusti…

Mikiri umah wong tua sing ndoyong ngalor, ndoyong ngidul. Mikiri nasib wong tuwa mung-munge siji Mbok Wangsi sing dadi gantelane ati. Melas greges nyawange sing wis lawas ditinggal lunga ning Bapa, kang wis mujur mengalor.

 

( To be continued )

Iklan