Basa Cerbon sejatine iku sawujude dhialek Basa Jawa sing dituturna ing segara lor Jawa Kulon. Basa iki wis ana pramila Cirebon dadi pelabuhan sing strategis ing jaman Pajajaran, nganthi jaman Kasultanan Cirebon. Ing jaman iku, Cirebon wis dadi panggon pikanthuke wong-wong saka Cirebon, Tuban, Demak, Jayakarta, Banten lan malah saka tlatah manca.

Saka pembauran iki, akhire metu dhialek sing diarani dhialek Cirebon. Basa iki asline saka basa Jawa Madya sing tansah mertahanake swara A kaya aja diwaca (AjA) lan sapanunggale. Akehe wong sing nuturake basa Cerbon iki ditambah malih karo dipindahna wong-wong saka Jawa Tengah ning pesisir lor Jawa Kulon ing jamane Sultan Agung kanggo njaga lumbung padi sing bakale digawe nyerang Batavia, sing wayah iku wis didokok karo Landa (abad 16-17an). Ing jaman iku, basa Cerbon karo basa Jawa baku tansah ora ana bedane, nanging sabanjure iku basa iki sithik-sithik mila bedha karo basa baku lan urip dhewe.

Basa Cerbon akeh dipengaruhi karo Basa Sunda, lan basa-basa saubengane nanging tansah dianggep dhialeke basa Jawa karna ukara-ukara sing sumbere saka basa iku. Piturut undhak usuk basane, Basa Cerbon cuma dibagi dadi loro, yaiku Bebasan (pada karo krama) lan kasar.

Basa Cerbon akeh-akehane dituturake ing mayoritas kabupaten Cirebon, Indramayu, segara lore Subang, Kerawang lan nganthi Losari, Brebes.

Contoning ukara :
Kepriben kabare, cung? : Piye kabare?
beli : ora
bloli : ora oleh
barlen (saka ukara bubar kelalen) : buyar
Bengen : biyen

Dijukut sing http://jv.wikipedia.org, kesuwun Kang…