Archive for Maret, 2010

Ruwed…

Lamun dipikir-pikir, ruwed pisan negeri kita iki yo?

Akeh wong sing ngomong’e ngecuprus bae, tapi lamun di rongok’nang langka arti’e. Padu ngecuprus bae, ambir katon’ne pinter, jago teori, ahli mikir. Padahal bli ngerti apa-apa…

Ngomong politik-lah, ngomong ekonomi-lah, ngomong sosial-lah… ning Tipi pada gegrawokan, ribut. Ngomong pajak, padahal bli ngerti hukum pajak. Ngomong budaya, padahal ora ngerti ‘ilmu-ne seniman’, ngomong kesejahteraan, padahal durung pernah ngerasa’i dadi wong melarat.

Lamun jare bocah ABG jaman sekiyen sih : sing penting EKSIS!

Gaya’e bae nganggo dasi larang, kacamata-an, rambut klimis, sepatu mengkilat, tapi omongan’ne bli jelas, ngalor-ngidul. Adu teori, ngotot-ngototan, padahal lamun di runguk’nang langka artine.

ngomong DOANG, kagak ngarti ape-ape…aih, basa Betawi dadi’ye? hehehe… sorry, ngapura kula!

Mbuh, kula sih wong cilik, wong deso, …bli ngerti apo-apo. Sing ribut, ribut’o mano. Sing debat, gage-an debat. Sing diskusi, mangga. sing awit bengen, debat, diskusi, seminar… negara mengkenen-mengkenen bae.

Ning Kene, Kih Lud!

tempat ngumpul bareng, kridong sarung karo klempas-klempus ngudud klobot, lan nyeruput teh tubruk cap upet [dudu iklan kih…]. Musike tarling Kang Ato lan Kang Adjid, jabure boled sing masih ngebul panas.

Wis bagen bae, basa kita bagongan. dudu saking kita bli bisa basa Indonesiaan, apamaning Inggrisan, tapi sapa maning kang arep lestarik’nang budaya Cerbon lamun dudu wong Cerbon dewek?

Budaya Cerbon kuh, wis minggir arep njeblung ning got jaman, ditinggalnang wong-wonge. Langka sing gelem ngakui, apamaning ngaku dadi Wong Cerbon. Bli pada gelem. Gelem’e : saya sih orang Cirebon kota, tidak bisa bahasa Cirebon. Maaf-maaf saja yah?

Saya sudah lama tidak di Cirebon lagi, jadi rada bli kelingan! idih tingeling…! padahal wong Inggris, lawas lunga sing Inggris’e gan masih bisa basa Inggrisan. Wong Afrika, sing wong’e jarang adus masih melarat, bli isin ngakui dadi wong Afrika.

wong cerbon sing kasep-kasep, ayu, gembleng, aduse ping pitu karo kembang lan banyu sumur jalatunda, kenang apa bli gelem ngakui dadi Wong Cerbon? isin tah nok, yayu, cung, mang, lud?

Sapa sing ngongkon sampeyan dadi wong cerbon? sampeyan njaluk tah dadi wong cerbon kuh? njaluk tah dadi wong Inggris kuh? dadi wong cerbon jeh isin…??

Wis bagen, wong kampung kaya kita-kita sing bli ngerti apa-apa sing lestarik-nang basa Cerbon, budaya Cerbon. Bagen bae wong sing merantau adoh, bli usah ngerti basa Cerbon. Bli usah, mengko watir ilat’e kecetit! Sana bahasa Indonesiaan saja, lebih modern dan tidak kampungan…

Coba ndeleng, wong daerah sejen, pada bungah lan bangga dadi wong daerah’e, nganggo basa daerah’e. Wong Jawa, wong sunda, wong batak, wong ambon, wong irian, lan sejen-sejen’ne. Cuma wong cerbon kang rada edeg, bli gelem nganggo bahasa’e. Wis lawas lunga ning Cerbon lah, wis lawas ngerantau lah, wis bli balik ning Cerbon lah….

Lamun jare wong pinter-pinter sih, iki sing diarani krisis budaya, krisis identitas… lan luwih abot maning : krisis percaya diri! Wong cerbon tapi bli gelem ngakui budaya’e. Ning tarling, bli gelem. Ning topeng, emong! apamaning nganggo basa Cerbonan… idih, bisa kena lara boyok!

Topeng Cirebon