Posts from the ‘Ngecaprak Dewek Bae’ Category

Tahun 1447 Masehi

Danusela (Ki Gedheng Alang-Alang) oleh masyarakat dipilih sebagai Kuwu yang pertama dan setelah meninggal pada tahun 1447 Masehi digantikan oleh Pangeran Walangsungsang sebagai Kuwu Carbon yang kedua bergelar Pangeran Cakrabuana.

Pada tahun 1447, Johannes Gutenberg (1398-1468) menemukan teknologi mesin cetak yang bisa digerakkan dengan model tekanan menyerupai disain yang digunakan di Rhineland, Jerman, untuk menghasilkan anggur. Ini adalah suatu pengembangan revolusioner yang memungkinkan produksi buku secara massal dengan biaya rendah, yang menjadi bagian dari ledakan informasi pada masa kebangkitan kembali Eropa.

Akuntansi modern dimulai sejak double entry accounting ditemukan dan digunakan didalam kegiatan bisnis yaitu sistem pencatatan berganda (double entry bookkeeping) yang diperkenalkan oleh Luca Pacioli (th 1447). Luca Pacioli lahir di Italia tahun 1447, dia bukan akuntan tetapi pendeta yang ahli matematika, dan pengajar pada beberapa universitas terkemuka di Italia. Lucalah orang yang pertama sekali mempublikasikan prinsip-prinsip dasar double accounting system dalam bukunya berjudul : Summa the arithmetica geometria proportioni et proportionalita di tahun 1494.

Setelah Bhre Wirabhumi dapat dikalahkan oleh pihak Wikramawarddhana berkat bantuan Bhre Tumapel Bhra Hyang Parameswara, maka Suhita melanjutkan pemerintahannya di Majapahit hingga wafatnya pada tahun 1447 M dan didharmakan di Singhajaya. Karena Suhita tidak mempunyai anak, maka singgasana Majapahit kemudian diduduki oleh adiknya, yaitu Bhre Tumapel Kertawijaya (1447—1451 M). Pada masa pemerintahannya ia mengeluarkan prasasti Waringin Pitu yang bertarikh  1369 Saka (22 Nopember 1447 M).

Bapuk

Masih kelingan beli, karo istilah ‘Bapuk’?? Jaman bengiyen, waya jaman semana, istilah iku tenar pisan ning pelosok Cerbon. 

Wingi Isun Balik Ning Cerbon

Durung lawas mau, kira-kira seminggu, isun balik ning Cerbon. Ana urusan keluarga sing penting pisan. Lawas jaman’ne bli balik-balik, merantau separan-paran ng’gulati pangan, nembe balik seminggu mau.

Lawas jaman’ne, Cerbon masih panas bae. Mobil GP – Jurusan Plered Cerbon, masih bae mlembar jurusan’ne, ng’gulati penumpang sampe ning Palimanan. Terminal Weru Plered, masih bae ruwed, kaya’ tempat’e jin demenan, durung di operasi-nang. Masih kaya’ bengiyen tahun 1995, 15 taun bengiyen.

Sing wis ubah, ana Universitas Muhamadiyah ning Jalan Tuparev, akeh mal-mal di dalan Ciptomangunkusumo, akeh motor-motor matic sing pating srintal ning dalan, akeh wong Jamblang sing gaya, nganggo henpon karo gaya rambut petarangan ayam di geguwes terwelu.

Perasaan, Cerbon tambah ruwed. isun coba-coba muter-muter, blasak-blusuk nganggo motor, marani Sumber, marani daerah-daerah ‘Cerbon Coret’. Akeh pabrik rotan, tapi untung masih akeh sawah. Masih kerasa adem’me.

Bagen Bae…

Isun gawe ‘blog’ iki, dudu kanggo gaya-gaya’an, dudu kanggo pinter-pinteran, dudu kanggo luru duit, dudu kanggo luru ‘popularitas’, dudu kanggo ‘nyalon dadi kuwu’, apa maning kanggo luru rangda gembleng sing bapuk…

Awale sih, isun pengen gawe blog sing bisa di’inget’ anak-putu kita, mengko mbesuk lamun jaman semana, jaman wis langka sendal ‘ceplek’, wis langka serabi, wis langka krawu jagung… pokoke jaman mengko-mengko lah…

Ambir anak-putu kita weru, lamun asal-usule kuh sing ‘Cerbon’, awit bibit-e, tumpah-darah’e, sing Cerbon. Walopun, asale isun sing Cerbon coret, dudu Cerbon kota, yo…bagen bae-lah! sing penting ‘wong Cerbon!’

Melas pisan, lamun mbesuk kiki, anak-putu kita bli weru asal-usule. Bli ngerti budaya Bapane, bli paham dedeg-pengadeg’e. Mangka’ne, sambil kridong sarung lan muter kaset ‘Baridin’an, isun gawe blog kiyen. 

Padahal, jaman kuno bengiyen… Cerbon iku negara kang kawentar, gagah perkasa, sejajar karo Demak, sejajar karo Pajajaran, mungkin sejajar karo Amerika. malah Amerika mungkin durung ana, masih pecah-pecah karo suku-suku Indian. apa maning Singapura, langka apa-apane karo Cerbon mah, Singapur masih alas, langka sekuku ireng karo Cerbon. Tapi iku jaman bengiyen… lawaaaas pisaan ning mburi.

Sekiyen…? Cerbon sing ketinggalan adoh, Singapur wis dadi gede mere-mere, mau alas tempat nongkronge gegedug gulang-gulang, saiki wis dadi negara kang duwur pamor’e. Lha, Cerbon priben…? malah menciut. Bengiyen Cerbon sing nguasai Jawa Barat, sekiyen cuma ‘nyempil’ dewek’an.  Disorot ning tipi, lamun macet mudik ning dina Lebaran bae, disorot ning berita lamun ana bocah nom-noman kang pada ko’it nenggak arak, disorot ning tipi lamun ana tawuran antar-kampung… duh Gusti,…

Tapi, bagen bae-lah… jare wong-wong pinter sih : right or wrong its my country, blesak atawa bagus, iki daerah isun, tempat isun pertama ndeleng alam dunya, narik napas, tempat panggonan. Dadi, awit semono iku…isun nyorat-nyoret gawe blog iki. Mbesuk kiki, lamun anak-putu kita pengen weru Cerbon, tinggal ‘nge-klik’ blog iki, tinggal mbuka blog iki…

Tapi, blog’e kok blesak pisan…? bagen bae-lah. Maklum bae, sing gawe blog’e dudu wong pinter. Dadi blesak. Aran’ne gan BLESAK.WORDPRESS.COM. Sing penting, isun wis waris-nang sejarah Cerbon, nitip-nang budaya Cerbon, ning kene. Lumayan, kanggo cerita-cerita dongeng ning anak putu…lamun bengiyen, ana daerah kang aran’ne Cerbon, lamun bengiyen…Cerbon kuh negara kang pamor’e duwur, murub marong-marong, kawentar sampe teka ning negeri China, bli kalah karo Singapur, Amerika, apa maning sejen-sejen’ne…

Bagen bae, blesak ….