Archive for November, 2008

ilange Terminal Gunung Sari

Waktu isun cilik, pernah di ajak plesiran karo Mama (diwacane : Bapak) ning kota. Ya, maklum bae, isun wong kampung, dadi plesirane ya ning kota. Numpak’e mobil elf, jurusan Rajagaluh – Cerbon, atawa Arjawinangun – Cerbon.

 

Bungah pisan rasane ati, bisa diajak plesiran ning kota numpak mobil elf. Sedawane pinggir dalan Plumbon waktu iku, masih akeh wiwitan tebu. Angine semilir adem pisan. Plumbon waktu iku durung ana jalan tol.

 

dsc00051Mobil elf langsung manjing ning kota, nuju terminal Gunung Sari. Ya, waktu iku terminal kota ning Gunung Sari, gabung karo pasar lan kolam renang. Mudun sing mobil, terus Mama tuku panjelan (iwak asin), sing amba durung di teteli. Isune tuku es serut Plered sing adem manis.

Waktu iku, pasar Gunung sari mambu’e blenak, apa maning yen waya rendeng udan terus, pasar becek lan amis.

 

Tapi jaman sekien, terminal Gunung Sari wis ilang diganti karo gedung anyar, gede, bagus, arane Grage Mall. Ambune wangi lamun manjing ning mall, beda karo waktu isun cilik bengiyen, mambu’e blenak lan amis, mambu sayur – sayuran. Ning Grage Mall, wong sing njaga dodolan ayu – ayu, bengesan, gembleng, senyume manisss pisan, mambune aruma wangi.

Jaman bengiyen, sing dodolan sayur mbok – mbok sing wis tua, benges’e sisik dubang, mambune rada blenak, lamun gemuyu untu’e ireng abang kena sisik dubang.

 

Mungkin iki sing diarani jaman modern ya? Pasar sing suwung, ruwed dadi wangi lan mewah.

Kolam renang’e ya wis diurug, disulap dadi lapangan kanggo parkiran motor ning Mall.

 

Ya, tapi gara – gara mall sing bagus lan wangi iku, wong desa ning kampung kita pada bli gelem maning lamun tuku sayak (rok) atawa kaos ning pasar Jamblang, tapi pengen’ne langsung ning Mall Grage, sekalian ‘mejeng’ jarene.

Padahal bahanne pada bae, warnae ya pada bae, tapi regan’e luwih larang ning mall, soale ana kertas cilik sing nempel ning kaos sing diarani bandrol. Lamun ning pasar Jamblang laka bandrol’e. Ya bandrol itu sing gawe larang, karena ana gengsi sing dituku.

 

Terus bandrol ning mall, bli oli nganyang atawa nawar. Lamun ning pasar Jamblang kan bisa nganyang-anyangan, sambil ng’godani wong dagange, sapa ngerti wong dagange masih rangda sing masih angetan..hehehe……..Lumayan kan, lamun bisa anyang-anyangan bisa dadi batur lan sedulur ?

 

Ning endi ya, tempat bengiyen waktu cilik isun tuku es serut plered ning pasar Gunung Sari ? Mungkin saiki wis dadi toilet Grage Mall?

Kangen jeh…

Cerita Titipan Batur Episode 1

Sebenere iki tulisan sing paling tak umpet’nang, bli tak buka – buka sing awit tahun 1992. Dadi umure tulisan iki wis luwih siji dekade, lamun dokumen rahasia CIA sih wis oli dibuka kanggo publik. Dadi berhubung wis oli dibuka kanggo public, makane isun wani nulis cerita kien.

 

kantor42Dudu cerita sulap, apa maning cerita Baridin, iki cerita biasa – biasa bae, cerita titipane batur akrab kita sing sampe kien masih ng’golati bature sing bengiyen. Boleh dikatakan (basa cerbone apa yah? Hehehe…) cerita iki rada – rada romantis, walo cuma model romantis kampung.

 

Wis, aja suwe – suwe, mengko dadi tambah ruwed bae…Mengkenen ceritane :

Waktu iku tahun 1992, bocah – bocah kelas 3 SMP Negeri 1 Plumbon wis pada pembagian NEM lan rapot, termasuk isun karo batur isun. Nah, ternyata (iki yo, mbuh basa cerbone apa yah?) batur isun sing aran Boled (aran samaran), selama sekolah ning SMP iki, wis duwe demenan karo sing aran Sri (aran samaran). Wis pokoke demenan temenan lah, bli bobadan.

Walo pun cuma demenan sing jare bahasa Indonesia  aran’ne Cinta Monyet.

 

Ya, bocah loro iku memang bli pada terus terang sih, umpet – umpetan bae kaya bulus ketemu wedus. Cuma ngomong kanggo surat lan bahasa mata…(priben bahasa mata iku, yah?). Isun sing dadi batur akrabe bae bli weru, lan bli ngerti…tak kira cuma baturan biasa bae….

Tapi sing ‘lubuk ati’ paling jerooo pisan, wong loro iki wis ngiket janji seurip semati, jare tarling cerbonan sih…sepayung loro-an.

 

Nah, berhubung wis pragat sekolah ning SMP, ‘pisah’lah kebersamaan mereka. (Bli apa – apa yah, nulise dicampur karo bahasa kota, sebab angel pisan luru persamaane..). Isun sing dadi batur akrab Boled, sekolah ning SMAN 2 Cirebon bareng karo si Boled…

Lah, si Sri sing keder…jare wong tua’e dikongkon nerus’nang sekolah ning SPK Cirebon (Sekolah Perawat Kesehatan, jaman saiki masih ana bli yah?) tapi hati kecil’e pengen sekolah bareng karo si Boled ning SMAN 2 Cirebon, ambir ambal dina bisa kesanding ning mata….

 

Si Sri, sampe cerita curhat ning Boled, priben iki? Melu omongan wong tua, atawa melu jare omongan atine? Yah..si Boled gan melu’an keder, priben yah? Akhire si Boled mencoba bersikap dewasa…(maaf bahasa kota maning hehehe)..diputusnang : wis sekolah ning SPK bae, bagen mengko bisa ketemuan seminggu sepisan…

Soale Boled gan mikir, si Sri sing mbiayai sekolah yah wong tua’e, dadi sing menentukan masa depan’ne ya wong tua’ne… lha, si Boled cuma ‘batur ati’ bae

 

Ketemu seminggu sepisan ?

Soale sekolah ning SPK kuh ketat (jare’e) sih, soale ana asrama’ne, dikarantina, dadi bli sembarangan uwong bisa manjing metu ning kono…murid sekolahane gan bli oli sembarangan metu manjing seenake dewek bae..kudu lapor dikit ning wong jaga piket, oli balik ning umah cuma seminggu sepisan…

 

Wis, singkat cerita ‘pegat’lah mereka…(mengko dikit, ‘mereka’ iku bahasa cerbone apa yah? Ambir aja maning – maning nulis ‘mereka’..) si Sri sekolah ning SPK, si Boled sekolah ning SMAN 2 Cirebon.

 

To Be Continued….tangane wis pegel kabeh…nulise dawa pisan

(Kanggo baturku Boled, lamun ente maca tulisan iki, aja sewot yah..? janji’e kan lamun wis sepuluh tahun oli di ungkapnang?…)

pajokan

Lamun kelingan jaman cilik bengiyen, akeh pisan sing arep tak kanda’nang. Mbrubul bae, kaya banyu sawah sing tanggule ambrol. Pating pencelat ning otak. Pada sewoan ning pikiran. Kaya sewoan jaman cilik bengiyen.

 

Salah sawijine sewoan, ya pajokan. Pajokan artine kira – kira njodoh nang batur lanang karo batur wadon.

“Sira demenane si Kuntring!”  atawa

“Sira kuh, sing demen si Boled!” ana maning :

”Week, wedang bandrek wedang bajigur, demen dewek ngakue batur…”

Akhire, gara – gara pajokan, batur sing dipajoknang pada isin – isinan lamun pada ketemu, atawa dadi pada tukaran lan padu.

 

ssa40041Isun pernah dipajoknang karo bocah wadon sing paling gembleng, paling ayu ning kelas kita, dadine lamun ketemu isin pisan, atawa mlayu umpetan. Sekien bocahe wis due anak akeh, lamun ketemu karo isun masih isinan bae..hehehe, padahal wis lawas ora ketemu maning.

Lantaran pajokan, akeh batur cilik sing dadi jodoh beneran, pada demenan terus akhire kawinan.

 

Gara – gara pajokan iku mungkin sing gawe ide perusahaan jaman sekien gawe usaha biro jodoh. Keren kan arane BIRO JODOH, tapi intine sih pada bae majoknang wong lanang karo wong wadon. Dadi kanggo batur sedulur kang durung ketemu jodoh, mangga daftar ning perusahaan jodoh. Atawa sing bengiyen ana batur pajokane, coba ditekani maning…sapa ngerti dewek’e masih kelingan lan masih ngerasa ana ati.

 

Aja khawatir, jodoh iku wis ana sing ngatur. Aja wedi, aja ngerasa dadi wong lanang sing paling blesak sejagat, langka wong wadon sing gelem diajak gemuyu, terus nginum endrim. Aja ngerasa dadi perawan tua, terus nekad dadi perawan sunti… Jodoh wis ana sing ngatur, senok wong ayu…

 

Iya bli, sih ?

bendrongan

Ning kampung isun, waktu jaman sekolah SD, lamun kelase ditinggal guru lagi pada rapat, batur – batur pada nabuh bangku sing digawe karo kayu iku. Suarana pating klontang, bletak – bletuk bli karu – karuan. Akibate, ana guru sing teka, nyeneni bocah – bocah sing pada tabuan bangku sekolah. Guru teka pada meneng, tapi lamun guru lunga tabuan maning.

 

69Ning kampong isun, iku sing diarani bendrongan. Nabuh apa bae, kaleng bolong, panci gowang, baskom sompal, gendul rongsokan, termasuk ya tabuan bangku sekolah iku. Suarana pating bletuk ora karuan, tapi arane gan boca lembutan…ya krungue enak – enak bae!

 

Lha, mungkin asale istilah sing kampung isun iku,  dadine jaman sekien akeh pisan bocah nom – noman pada nabuh alat – alat musik, diarani BAND, diwacane Ben. Ya sejatine Bendrongan iku, nabuh bli karu – karuan.

Lah, buktine rongok nang bae, musike bocah nom – noman sekien, ora karu – karuan, jumpalitan, rambute awut – awutan, ora pati adus, mambue blenak…

 

Dirongok nang nganggo turu blenak, nganggo angon wedus malah weduse pada mblenger, nganggo ngiringi tandur ning sawah gawe endas puyeng… Apa maning sing ngrongok nang wong tua, bisa – bisa dirampogi karo bata tugelan. Iku sing arane band rock, sing asale istilah bendrongan mau. Sing pemain musike pada muter – muternang rambute sing gondrong kriwil kriwil. Ati – ati bae, tumae pating pencelat soale jare’e uwong sih jarang kramasan….

 

Masih enak gan musike waktu isun cilik bengien, gendul karo pendil ditabuh, wong tuwa pada gemuyu kesenengen. Apa maning dikanggo ngobrog ning wulan puasa….Musik sekien bli karu – karuan, sekarepe dewek bae, sampe kuping pada blembengen….bledag bletuk…

 

Iya bli, sih ? 

lenjang sing ilang

Jaman isun cilik bengien, akeh pisan dolanan – dolanan bocah lembut sing digawe dewek atawa dolanan bareng karo batur – batur sekampung. Ana sing gawe mobil – mobilan, digawe kanggo karet bekas sandal jepit  (ceplek), ana sing gawe jaran – jaranan wiwit gedang ditaleni tali gedebok gedang. Sing rame waktu bengi padang wulanan, pada mlayu – mlayu bal – balan ning lapangan, atawa lenjang (istilah kerene Go Bacck To Door, atawa gobak sodor), sing bates kalangane digaris kanggo awu.

Lampune kanggo lampu petromak, soale listrik waktu jaman isun bengien durung manjing ning desa. Wah pokoke ati kerasa bungah, dolanan karo bebaturan sampe kadang bli kelingan waktu sampe bengi. Mblegadus, tiba – tiba Mamo wis nongol sambil ngongkon balik ning umah.

ssa40129Jaman muter terus, kaya glindingan. Taun ganti taun, sampe teka ning jaman sekien. Jare wong – wong sing pinter sih jaman modern, dudu jaman modaran. Ai modaran sih, pada bae mati. Lha, bocah – bocah jaman sekien, wis jarang – jarang dolanan kaya kita bengien. Langka sing pada gawe mobil – mobilan kanggo sandal ceplek maning, tapi langsung bae tuku ning toko parek pasar, akeh sing dodolan mobil – mobilan gawean plastik. Ana sing mobil – mobilan kaya robot, murub ana lampune, ana suarane maning…nguing…nguing..nguing..kaya mobil blangir. Ana maning dolanan modern sing arane PS, jare sih singkatane Play Station. Embuh artine apa ? Stapsiun Play? Ning endi iku ana stapsiun arane Play ? sing isun weru sih ana gan Stapsiun Kejaksan, atawa stapsiun Arjawinangun.

Lha, gara – gara dolanan modern iku bocah – bocah lembut jarang dolanan karo bebaturan. Nguplek bae dewekan ning jero umah. Apa maning akeh pisan stasiun telepisi sing acarane kartun, sinetron anak, sampe acara gegedug kuntilanak, tumplek blek. Bocah – bocah dadi tambah males metu ning jaba umah. Sedina dur ning jero umah bae. Apa maning mboke bocah pada meluan nonton sinetron, karo turu – turuan, wah…wis, bakalan bapane teka kerja durung digawe’nang sega sambel peda.

Ikulah batur – batur, sing gawe lantaran bocah lembut jaman sekien tambah egois. Egois iku istilah wong modern, arti cerbonane kira – kira sering ‘eng-eng’an karo batur. Apa jare ngkono bae. Bli peduli karo batur – batur sejen, sing ndadeknang bocah lamun gede dadi medit kucrit. Lha, mbok – mbokan lan bibitane pada melu ngerewangi si bocah egois ?

Lamun bli pengen anake lamun gede dadi wong medit kucrit, ya mangga pada ngajak anak – anake pada kreatif, gawe dolanan dewek, kongkoni bocah – bocah pada dolanan akur karo batur, atawa di ajak lunga plesiran. Bli usah adoh – adoh plesiran ning laut Taman Ade Irma Suryani, ning wangan atawa kalen pinggir sawah ya, bli apa – apa, mangga mawon.

Iya bli, sih?

sedulur separa kanca …

topengWis lawas jamane, isun lunga ninggalnang kampung halaman. Jental – jentul nonggoni srengenge surup waya sore ning Pantai Padang, mlaku – mlaku kudanan ning alas Alam Mayang Pekanbaru, dolanan pasir ning Pantai Melur Batam. Dina dadi wulan, wulan dadi taun. Wis ganti waya rendeng, wis ganti waya ketiga,  tapi kampung halaman masih ado ning mata. Tulisan iki dudu obat lara weteng, apa maning obat lara boyok, cuma kanggo ngilangnang lara ati kelangan kampung halaman sing wis suwe ora kesanding.

 

Kanggo batur – batur lan sedulur separa kanca, mangga manjing ning kene kabeh, sing wis lawas bareng – bareng kelangan kampung halaman ning Cerbon, pada gegojegan, pada bribin, pada bendrongan, lan pada sewoan. Tapi aja pada tukaran ya, sing akur – akur kabeh karo sedulur.