Isun masih kelingan waktu cilik, seneng pisan nonton wayang. Apamaning, sing ndalange Dalang Akirna Hadiwekasan lan sinden’ne Itih S. Pada kelingan bli, ning dalang Akir lan sinden Itih S ? Wah, lamun pada klalen, ya melas pisan…

 

Soale waktu iku, Dalang Akir dalang sing paling terkenal lan kondang ning seluruh wilayah Cerbon. Suarane pas lamun ngomong dadi suara Cungkring, Dorna, Betara Guru, Gatotkaca, Semar, lan wayang – wayang sejen’ne. Suarane beda – beda lamun ngomong dadi tokoh wayang mau, bli pada bae lan bli cempreng.

 

180px-petruk1Terus, sinden Itih S, terkenal pisan lantaran wong’e masih nom lan ayu,…gembleng pisan! Suarane enak lan empuk, dadi akeh wong nonton sing pengen pada kenalan karo sinden Itih S mau. Terus biasane, wong nonton pada kirim – kirim lagu, misale lagu Kembang Boled, ngirime kanggo amplop sing ditulisi surat karo ana selipan duwit’e.

Wah, waktu iku sinden Itih S, ibarat’e kaya dadi Agnes Monica versi Cerbon lamun jaman sekiyen sih…. Pokoke laranglah, lamun nanggap dalang Akir karo Sinden Itih S mau.

 

Mbuh, saiki priben ya kabare Sinden Itih S lan Pak Dalang Akir mau? Ana beli, anak putune sing dadi dalang lan sinden?

 

Jaman sekiyen wis akeh tontonan sih, ana Organ Tunggal, Layar Tancep, Orkes Dangdut. Terus bocah nom’an wis pada kesambet jaman modern, pada males yah lamun nonton wayang ?

“Ah, wayang kuh tontonane wong tuwa, gawe ngantuk bae…” jare Misnen, sing biasa diceluk Boled ning batur – bature.

“Masih mending gan nonton dangdut artis ibu kota …Dewi Persik! Goyange gawe ontreg dunya!”

 

Jaman sekiyen, ana beli sing masih pengen dadi sinden lan dalang ya?

 

“Ah, cuman wong goblog sing pengen dadi dalang kuh…masih mending belajar organ tunggal, pencet – pencet wis praktis, bli usah nabuh gong, nabuh kemong, nabuh kendang ….gawe ruwed bae!” jare Miskad, sing lahire dina Kemis lan akeh wong kendat ( gantung diri ).

 

“Apamaning dadi sinden, oli saweran cuma limangatus perak, cangkem pegel, boyok linu…” jare Marpu’ah, sing biasa diceluk Inul karo batur – bature, soale bokonge rada njongkeng lantaran wudun’ne bli waras – waras .

 

Ya, bener uga sih…

Apa maning jaman sekiyen wis langka sing pada nanggap wayang kulit, akeh’e pada nanggap organ tunggal lan orkes dangdut…

 

Priben jeh ? Sampeyan sih pada gelem bli dadi dalang lan sinden wayang ?