Pernah nonton bioskop ? atawa jare wong tua jaman bengien ‘gambar idup’ ? Pertama kali isun nonton bioskop, ya ning bioskop paradise, diajak karo Mama (baca : bapak). Pilem’e masih kelingan bae : Crocodille Dundee.

 

Jelas kelingan, soale iku pertama kali isun nonton bioskop. Bengiyen sih durung weru judule apa, ai bareng wis gede isun nonton maning, dadi kelingan cilik bengiyen. Ooh, itu tah judule film sing tak tongton jaman iku. Tapi critane masih kelingan bae, wong sing tukang nangkepi buaya. Waktu iku, sa-uwise tuku belanjaan lan mlaku – mlaku, Mama ngajak nonton bioskop.

“Gelem beli nonton bioskop ?” jare Mama

Ya, kita sih bocah cilik durung ngerti ya, gelem bae.

 

dsc00392Wuidih, iki tah sing diarani bioskop kuh ? jare ati isun waktu iku, isun wedi soale pas manjing ning gedung bioskop, wis peteng rubet, kaya gua. Yo wis, gocelan kenceng pisan ning tangan Mama sambil mlaku ndumuk – ndumuk, nggolati bangku. Bangkue kanggo bangku kayu, alot lan atos. Akeh tinggi’e bli yah?

 

Ning pertengahan film, suwe – suwe mambu pesing banyu uyuh wuiiih…ambune blenak.

Wuih, nonton bioskop kuh blenak yah? Peteng rubet, mambu pesing. Tapi waktu cilik, isun asyik bae nonton bioskop sing critane wong tukang nangkep buaya iku.

 

Tapi jaman sekiyen, gedung bioskop bagus pisan yah? Mambu’e wangi, ana AC sing adem’e nyuuuuss, kursine empuk – empuk. Sing njaga karcis’e ayu – ayu. Beda pisan karo bioskop jaman bengiyen.

 

Tapi, ikulah sing diarani ‘persaingan bisnis’  jare wong pinter – pinter sih, sing kalah bersaing ya langsung gulung kelasa. Jaman bengiyen, jare’e sih bioskop Paradise kuh, bioskop sing paling digemari ning wong nom – noman jaman samana. Nah, sekiyen ana maning bioskop SELIKUR (diwacane Twenti Wan), sing luwih bagus lan empuk..dadi’ne bioskop Paradise langsung nyungsep koit. Mbuh saiki masih ana bli gedunge, kang ?

 

Isun lawas bli balik ning Cerbon…