Durung lawas mau, kira-kira seminggu, isun balik ning Cerbon. Ana urusan keluarga sing penting pisan. Lawas jaman’ne bli balik-balik, merantau separan-paran ng’gulati pangan, nembe balik seminggu mau.

Lawas jaman’ne, Cerbon masih panas bae. Mobil GP – Jurusan Plered Cerbon, masih bae mlembar jurusan’ne, ng’gulati penumpang sampe ning Palimanan. Terminal Weru Plered, masih bae ruwed, kaya’ tempat’e jin demenan, durung di operasi-nang. Masih kaya’ bengiyen tahun 1995, 15 taun bengiyen.

Sing wis ubah, ana Universitas Muhamadiyah ning Jalan Tuparev, akeh mal-mal di dalan Ciptomangunkusumo, akeh motor-motor matic sing pating srintal ning dalan, akeh wong Jamblang sing gaya, nganggo henpon karo gaya rambut petarangan ayam di geguwes terwelu.

Perasaan, Cerbon tambah ruwed. isun coba-coba muter-muter, blasak-blusuk nganggo motor, marani Sumber, marani daerah-daerah ‘Cerbon Coret’. Akeh pabrik rotan, tapi untung masih akeh sawah. Masih kerasa adem’me.