Archive for Desember, 2008

Wadanan Lan Poyokan

Ya, isun arep cerita maning waktu bengiyen masih bocah lembutan. Kudu maklum, para batur separa kanca, masa cilik iku waya sing paling indah, dadi angel pisan diilang’aken. Mbrubul bae metu, kaya banyu matae rangda tuwa sing bli payu – payu laki.

Sekiyen, isun arep kanda ‘wadanan’ atawa diwadani, mirip – mirip kaya dipoyoki.
“Mentang – mentang kita wong bli gableg apa – apa, cuman gableg utang sing blaratan separan – paran, dadi tempat idu’e wong kampung, dipoyoki ambal dina bli pragat – pragat…” jare Mbok Wangsi, sambil nangis getun ning arep umah sing wis ndoyong ngalor.

Iku salah sawiji’ne contoh dipoyoki. Mungkin, lamun jare Bahasa Indonesia’nya tuh “diejek”. Iya kan batur – batur semuah? Hehehehe….
Karena Mbok Wangsi akeh utangnya, jadi dia dipoyoki ambal dina…. (wis ah, dadi keterus’en ngomong Indonesia’an ne!)

Contoh sejen’ne :
“Ih, sikil ira akeh koreng’e, nrembel kabeh kaya kancing kelambi, awas mengko dadi budug..!” sejak awit iku, si Kusnadi sing akeh koreng’e di wadani Kusnadi Budug.
Memang sih, rada – rada samar mbeda’nang poyokan karo wadanan. Diwadani ya dipoyoki, kuh pada bae, tipis pisan beda’ne. Samar iku jare Kang Ato ( Sunarto Marta Atmadja, idola tarling jaman bengiyen ) ramyang – ramyang.

Lah, jaman isun cilik bengiyen, akeh pisan wadanan lan poyokan sing kanggo sewoan, guyonan, karo batur – batur. Ana sing diwadani Jumari Blekutak, gara – gara si Jumari kulite ireng pisan, kaya blekutak. Ana maning Misnen Cungkring, gara – gara si Misnen cungur’e rada bengkung lan dawa kaya Cungkring.

Lamun Kamad Ndlagdag, sampeyan weu bli sejarah’e? Mengkenen, si Kamad iki bocah’e bandel pisan, bli ketulungan, karo sapa bae ngelawan, termasuk ning wong tuwa’ne dewek. Akhire, wong tuwa’e Kamad nyupatani (weru bli, nyupatani kuh? ) “sira kuh, ndlagdag pisan dadi bocah, tak supatani dadi Cristian Sugiono sira kuh ya!!…”
Ndlagdag, iku artine kuwalat ning wong tuwa. Sedurunge, diwadani Kamad Cristian Sugiono, tapi lantaran tampang Cristian Sugiono karo rai Kamad adoh pisan beda’e, kaya Jamblang karo New York, akhire diwadani Kamad Ndlagdag bae…
“Ayo sih, wadani isun Kamad Cristian Sugiono bae…” jare si Kamad, nangis – nangis njaluk tulung. Batur – bature, pada melet’nang ilat kabeh…”Weeek!! Enak temen, sira diwadani Cristian Sugiono, melas ning Titi Kamal’e…”

Ikulah, batur – batur kabeh, sekelumit guyonan waktu jaman cilik bengiyen. Padahal akeh pisan wadanan lan poyokan sejen’ne, tapi berhubung tangan wis pegel…terpaksa sampe ning kene dikit ya?

Ari, cerita wadanan / poyokan batur – batur sampeyan sih pripun? Ayo gah, pada cerita – cerita ning kene, ambir rame….

Nonton Wayang

Isun masih kelingan waktu cilik, seneng pisan nonton wayang. Apamaning, sing ndalange Dalang Akirna Hadiwekasan lan sinden’ne Itih S. Pada kelingan bli, ning dalang Akir lan sinden Itih S ? Wah, lamun pada klalen, ya melas pisan…

 

Soale waktu iku, Dalang Akir dalang sing paling terkenal lan kondang ning seluruh wilayah Cerbon. Suarane pas lamun ngomong dadi suara Cungkring, Dorna, Betara Guru, Gatotkaca, Semar, lan wayang – wayang sejen’ne. Suarane beda – beda lamun ngomong dadi tokoh wayang mau, bli pada bae lan bli cempreng.

 

180px-petruk1Terus, sinden Itih S, terkenal pisan lantaran wong’e masih nom lan ayu,…gembleng pisan! Suarane enak lan empuk, dadi akeh wong nonton sing pengen pada kenalan karo sinden Itih S mau. Terus biasane, wong nonton pada kirim – kirim lagu, misale lagu Kembang Boled, ngirime kanggo amplop sing ditulisi surat karo ana selipan duwit’e.

Wah, waktu iku sinden Itih S, ibarat’e kaya dadi Agnes Monica versi Cerbon lamun jaman sekiyen sih…. Pokoke laranglah, lamun nanggap dalang Akir karo Sinden Itih S mau.

 

Mbuh, saiki priben ya kabare Sinden Itih S lan Pak Dalang Akir mau? Ana beli, anak putune sing dadi dalang lan sinden?

 

Jaman sekiyen wis akeh tontonan sih, ana Organ Tunggal, Layar Tancep, Orkes Dangdut. Terus bocah nom’an wis pada kesambet jaman modern, pada males yah lamun nonton wayang ?

“Ah, wayang kuh tontonane wong tuwa, gawe ngantuk bae…” jare Misnen, sing biasa diceluk Boled ning batur – bature.

“Masih mending gan nonton dangdut artis ibu kota …Dewi Persik! Goyange gawe ontreg dunya!”

 

Jaman sekiyen, ana beli sing masih pengen dadi sinden lan dalang ya?

 

“Ah, cuman wong goblog sing pengen dadi dalang kuh…masih mending belajar organ tunggal, pencet – pencet wis praktis, bli usah nabuh gong, nabuh kemong, nabuh kendang ….gawe ruwed bae!” jare Miskad, sing lahire dina Kemis lan akeh wong kendat ( gantung diri ).

 

“Apamaning dadi sinden, oli saweran cuma limangatus perak, cangkem pegel, boyok linu…” jare Marpu’ah, sing biasa diceluk Inul karo batur – bature, soale bokonge rada njongkeng lantaran wudun’ne bli waras – waras .

 

Ya, bener uga sih…

Apa maning jaman sekiyen wis langka sing pada nanggap wayang kulit, akeh’e pada nanggap organ tunggal lan orkes dangdut…

 

Priben jeh ? Sampeyan sih pada gelem bli dadi dalang lan sinden wayang ?

Gonjing

gonjingGonjing,

Weru bli batur – batur separa kanca ? Lamun wong cerbon asli, pasti weru panganan sing arane gonjing iki. Digawe kanggo bahan adonan aci ( atawa tepung beras ), karo parutan kelapa. Terus di panasi karo wada wesi sing ana dekongan baris rapih, setengah bunderan.

 

Lah, lawas bli ketemu karo gonjing…dadak – dadak, mblegadus… ketemu wong dagang gonjing ning Batam, tepate ning pojokan Pasar Mega Legenda Batam Centre. Aih, kadiran temen. Langsung tak parani wong dagange…

Ning kaca dongdangan, ana tulisan “KUE PANCUNG 2000/5”

Aih, gonjing ning Batam ganti aran dadi kue pancung tah ?!

“Kang tuku gonjing’e..” jare isun.

“Aih, sampeyan ngerti gonjing ya? Wong endi sampeyane?” jare Mang Gonjing.

“Wong Jamblang…ari sampeyan, teng pundi?”

“Kula wong Pamanukan, Kang…”

Aduh, ati kerasa bungah campur bawur. Bungah lantaran ketemu karo sedulur wong carbon ning perantauan, lan bungah lantaran ketemu maning karo gonjing iki.

 

Soale terus terang bae, sing awit lunga merantau taun 1998 sampe sekiyen tahun 2008, wis 10 taun durung pernah mangan gonjing. MMM… dadi pengen gage tak capluk…

Isun kelingan waktu cilik bengiyen, sing dagang gonjing arane Mang Sidik wong Brebes, dodolan gonjinge di ider kanggo dongdangan sing dipikul muter – muter kampung. Regane masih limang perak waktu iku, dadi lamun tuku selawe oli gonjing lima.

 

Lah, sekiyen waktu kita wis dawuk regane gonjing wis larang, tuku rong ewu cuma oli limang gonjing. Iki akibat krisis global tah? Sampe gonjing gan kesambet kena krisis global kuh? Mbuh lah, kita sih bli weru apa – apa…

 

Sing penting, isun bisa nyapluk gonjing maning sing gurih lan panas..pada njaluk bli, batur – batur ??

Berag

Kelingan beli, waktu pertama kali sampeyan berag? Pasti kelingan bae, soale jare bahasa Indonesia’ne “sesuatu yang pertama kali dialami, tidak akan bisa dilupakan..” suit…suit…suuuiiitt
Termasuk, pertama kali berag mau. Berag, mungkin bahasa Indonesia artine “puber”. ( Bener beli sih ? Tulung lamun isun salah, sampeyan bener’aken yah? Dipai weru sing bener… )

Isun masih kelingan bae, pertama kali isun bisa ngerasa’nang ‘ser-seran’ rasane ati, sewaktu ketemu wong wadon. Waya iku, isun masih kelas 5 SD, masih bocah lembutan. Durung ngerti rasane seneng wong wadon, durung ngerti isin lamun adus wuda ning jaba, durung ngerti wadon ayu atawa wadon blesak. Pokok’e seenak’e dewek bae.

Lha, dadak–dadak ati rasane deg – deg’an, ndeleng boca wadon putih, ayu, rambute dawa lurus, awak’e gering bli lemu, mata’e rada gede bunder…
Lhadalah, rasa apa iki? Iki alamat dewa ning mayapada kayangan lagi pada blenak pribawa’ne…

ssa40328Sing awit waya iku, isun dadi kelingan bae boca wadon rada ‘bende’ matane iku. Pengen weru sapa arane, ning endi umah’e, bapa’ne sapa, mbok’e sapa? Dadak–dadak, isun dadi rajin dandan, rambut pengen’ne nganggo minyak wangi, BRISK lan TANCHO sing terkenal waya iku, pengen nganggo ‘celana panjang’ bae, dadi isin lamun adus wuda ning jaba….
Lhadalah ?!…

Awit waya ikulah, isun di ‘eceh’ ning kakang lan batur : Wah, sira wis mulai berag kih! Nganggo minyak wangi bae, celana dawa-an bae….

Eh, lamun sore numpak pit lunga ning tangga desa, kanggo ndeleng dewek’e. Lamun bli ketemu, yo bli pa-pa, sing penting ati wis bunga walau cuma ndeleng wuwungan’ne umah…
Suwe–suwe, takon ning tangga batur, takon kiwe tengen, dadi weru arane : Rini! ( Kuh, kelingan bae kan? Sampe sekiyen, hehehe…)

Tapi, jodoh ana’e ning tangan Gusti Allah, dudu isun sing ngatur, dadi sampe jaman sekiyen isun gan durung weru maning kabare dewek’e…
Wis duwe anak pira, sekiyen yah? Kawinne karo sapa?…Mbuhlah…

Lha, lamun berag tuwa sih priben ya? Pada beli rasane, kaya jaman kita lembut bengiyen? Tapi, apa iya wong sing wis tuwa, kelakuan’ne pada kaya bocah cilik maning ? Mbuhlah…hehehe

Sampeyan sih priben, cerita berag’e ??

‘anda berjalan’ ning pasar Balong

Weru bli ‘anda’ ? anda dudu bahasa Indonesia sing artine  kamu atawa bahasa inggrise ‘You’. Iki ‘anda’ basa cerbon sing artine ‘tangga’ nganggo manjat wit nangka, atawa masang genteng sing bocor.

Lha, waktu jaman isun cilik, desa kita geger, ribut, akeh wong pada ngomong’aken sing aran’e “anda berjalan”, atawa anda sing bisa mlaku dewek. Wuidih, iku anda’ne sapa sing bisa berjalan? Bisa mlaku dewek? Anda’ne jin atawa lelembut merkayangan sih?

 

Waktu iku, akeh wong sing pada pating penasaran, ning warung – warung wong pada ngobrol masalah ‘anda berjalan’ iku.

“Woi Dul, ana anda berjalan..” jare jenat’e Mang Jana

“anda’e sapa iku? Ning endi?..” takon Mang Peyor

“Ning pasar Balong, Cerbon..”

“Priben iku, sampe bisa mlaku dewek kuh?”

“Wah, dasar sira wong ndesa…jadi bli weru ning kemajuan kota kuh!”

 

Unggal dina, wong – wong ning desa pada ngomongi anda berjalan. Isun waktu cilik iku ya, pada bae penasaran kayang’apa sih anda berjalan iku? Anda’e bisa mabur tah? Mabur’e priben, ditarik karo tali ning endi?…Mbuh, bli ngerti.

 

32Ternyata (tulung, ‘ternyata’ basa cerbon’e apa?), sing diarani ‘anda berjalan’ kuh arane inggris’e ESKALATOR. Ya, tembe jaman isun gede, ngerti aran inggris’e mau. Iki arti escalator sing isun jukut sing Wikipedia Eskalator adalah salah satu transportasi vertikal berupa konveyor untuk mengangkut orang, yang terdiri dari tangga terpisah yang dapat bergerak ke atas dan ke bawah mengikuti jalur yang berupa rail atau rantai yang digerakkan oleh motor.

Pantes bae, wong ning kampung isun pada bli ngerti, arti’e gan angel pisan jeh!…konveyor, iku apa? Mbuh…. Apa maning jaman semana, waktu pertama ana escalator ning kota Cerbon. Ya, se’inget isun, escalator kuh pertama kali ana’e ning Pasar Balong, atawa Balong Indah Plaza.

 

Waktu iku, isun diajak Mama (waca’ne : Bapak) lunga plesir ning kota Cerbon, ndeleng pembangunan Plaza sing pertama ning kota Cerbon. Waktu iku, Balong Indah Plaza durung dadi, masih dalam tahap pembangunan. Ya, waktu tahap pembangunan ikulah…wong – wong ning desa isun, pada geger masalah ‘anda berjalan’ mau. Maklum, anda berjalan durung familiar ning kuping’e wong desa, kaya kita.

 

Jaman sekiyen sih, escalator wis bli aneh maning…akeh ning endi – endi bae, dudu cuma ning plaza atawa ning mall. Ning umah’e wong sugih gan dipasang escalator. Ya gara – gara anda berjalan iku, wong desa pada plesiran ning kota cuma kanggo ngerasani : priben sih rasa’ne numpak tangga berjalan, kuh?…

 

“Aih, mengkenen ya rasane numpak ‘tangga berjalan’ kuh..” jare Yu Jun.

“Isun deg – degan, jeh…” jare Mbok Sarkiyem

“Wedi, lamun jempol sikil’e kejepit….” Jare si Kemplud

“Gocelan bae sing kuat, ambir aja tiba ning sor..” jare Kuntring, ABG desa.

“Ih, kok bisa mlaku dewek ya….? Isun dadi gemeteran….” Jare Mang Boled.

 

Sampeyan wis pernah ngerasani ‘anda berjalan’ durung ???

 

 

 

Matine Bioskop Paradise

Pernah nonton bioskop ? atawa jare wong tua jaman bengien ‘gambar idup’ ? Pertama kali isun nonton bioskop, ya ning bioskop paradise, diajak karo Mama (baca : bapak). Pilem’e masih kelingan bae : Crocodille Dundee.

 

Jelas kelingan, soale iku pertama kali isun nonton bioskop. Bengiyen sih durung weru judule apa, ai bareng wis gede isun nonton maning, dadi kelingan cilik bengiyen. Ooh, itu tah judule film sing tak tongton jaman iku. Tapi critane masih kelingan bae, wong sing tukang nangkepi buaya. Waktu iku, sa-uwise tuku belanjaan lan mlaku – mlaku, Mama ngajak nonton bioskop.

“Gelem beli nonton bioskop ?” jare Mama

Ya, kita sih bocah cilik durung ngerti ya, gelem bae.

 

dsc00392Wuidih, iki tah sing diarani bioskop kuh ? jare ati isun waktu iku, isun wedi soale pas manjing ning gedung bioskop, wis peteng rubet, kaya gua. Yo wis, gocelan kenceng pisan ning tangan Mama sambil mlaku ndumuk – ndumuk, nggolati bangku. Bangkue kanggo bangku kayu, alot lan atos. Akeh tinggi’e bli yah?

 

Ning pertengahan film, suwe – suwe mambu pesing banyu uyuh wuiiih…ambune blenak.

Wuih, nonton bioskop kuh blenak yah? Peteng rubet, mambu pesing. Tapi waktu cilik, isun asyik bae nonton bioskop sing critane wong tukang nangkep buaya iku.

 

Tapi jaman sekiyen, gedung bioskop bagus pisan yah? Mambu’e wangi, ana AC sing adem’e nyuuuuss, kursine empuk – empuk. Sing njaga karcis’e ayu – ayu. Beda pisan karo bioskop jaman bengiyen.

 

Tapi, ikulah sing diarani ‘persaingan bisnis’  jare wong pinter – pinter sih, sing kalah bersaing ya langsung gulung kelasa. Jaman bengiyen, jare’e sih bioskop Paradise kuh, bioskop sing paling digemari ning wong nom – noman jaman samana. Nah, sekiyen ana maning bioskop SELIKUR (diwacane Twenti Wan), sing luwih bagus lan empuk..dadi’ne bioskop Paradise langsung nyungsep koit. Mbuh saiki masih ana bli gedunge, kang ?

 

Isun lawas bli balik ning Cerbon…